Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/165

Kaca iki wis divalidasi
Nurul Hidayati
SMA Begeri 1 Pleret


NANDANG KATRESNAN


BABAK I

OMAHE ANGGUN. WAYAH SORE


ADEGAN

ANGGUN KANG LAGI CERITA-CERITA KARO MBOKNE NALIKA WONGE TRESNO MARANG WONG LAN

1. ANGGUN : Mbok ,,,Simbok,,,,

2. SIMBOK : Ngopo to Nduk,,

3. ANGGUN : Sakjane ki aku tresno karo wong lanang lho Mbok

4. SIMBOK : Lha kok kowe sing tresna?

5. ANGGUN : Nanging ketoke wong lanang mau ora tresna aku. Piye iki Mbok?

6. SIMBOK : O walah Nduk,,, sopo to cah lanange.

7. ANGGUN : Lezano kae lho Mbok, sing kerep ngeterke aku nalika muleh sekolah.

8. SIMBOK : (Naliko krungu yen sing dimaksud Lezano Simbok muring) Lanangan kaya ngono wee disenengi. Golek sing luwih bagus ora ana po? . Lanangan ora isa nguripi we, rupane ra mbejaji.

9. ANGGUN : Kok ngono ta Mbok, aku iki tresno tenan karo mas Lezano, ketoke wonge yo wis sopan ning ngarepmu Mbok. Kurang piye Lezano ki? (Rupane melas).

10. SIMBOK : Tresno ki panganan opo??. Tresno ki ora cukup nggo nguripi kowe sesok. Lanangan ora modal we disenengi.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

144

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~