Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/17

Kaca iki wis divalidasi

Siska Arrumona Las Sunarya
SMA Negeri 1 Bantul


MARGA GEMI LAN NASTITI,
ARIF DADI JURAGAN ROTI



Roti semir keju, roti isi meses, lan sajenise pancen wis ora aneh maneh kanggo ilate masyarakat Ngayogyakarta lan sakiwa-tengene. Salah sijine merek kang kerep kita temoni ing pasar yaiku "Satria". Kajaba murah, roti mlempuh-mlempuh iki uga maregi. Nanging, sapa sejatine "satriya” kang ngupiya usaha roti iki? Kepriye usaha iki kawiwitan? Kepriye uga bebathen kang bisa karengkuh?

Kawiwitan kanthi paitan Rp3.000.000,00 saka ramane (Mujiran Iswara), Arif Triwidada ngupiya usaha omahan roti "Satria". Paitan kuwi dipigunakake kanggo tuku oven, mixer, loyang, lan bahan-bahan. Usaha omahan kang diwiwiti wulan Juni 1998 iku saiki wis dadi perusahaan gedhe kang aran resmi perusahaan Roti Satria Sejahtera, utawa dicekak Roti Satria".

Arif Triwidada, paraga kang mandhegani Roti "Satria" lulus Sarjana Teknologi Pertanian saka UGM taun 1997. Dheweke golong gilig milih dalan urip kanthi mbukak lapangan pagaweyan (job creator) tinimbang mung dadi wong kang tansah golek pagaweyan (job seeker). Kanthi paitan seserepan saka bangku kuliahe, Arif banjur magang ing industri roti duweke kancane. Kanthi niyat kang tumemen, dheweke ngupaya ngedegake usaha roti kanggo masyarakat menengah ke bawah minangka konsumene.

4

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~