Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/174

Kaca iki wis divalidasi

129. ANGGUN : Kowe ki ngapa ta Mbok, Bapak we ngolehke kok. Ho’oh ta Pak, Bapakku sing bagus dewe.

130. BAPAK : Ealah Mbok, awake dhewe ya kudu piye ta. Nek yo wes jodone piye neh awake dhewe ra bisa nolak.

131. SIMBOK : Yaa.. ampun Pak !! Bayang no ta anake dhewe rabi karo Pelano seng cahe nyungkris, mecicil, mung cah sekolahan meneh. Opo sesuk anake dhewe arep dipangani buku.

132. ANGGUN : Yongalah.. Mbok.. Simbok. Kok yo kowe ki ora seneng banget karo Lezano ngapa ta ? Sesuk ki bakalane nek wonge lulus golek gawean, po ya mungkin mangan buku ro pulpen.

133. SIMBOK : Karepmu.. anak kok nek dikandhani ngeyel.

134. BAPAK : Do meneng isoh ora dirungokke tangga ora ngepenaki tenan


BABAK VI

ESUK-ESUK TEKAN SEKOLAHAN WEKTU ING KELAS PASINAON, NADINA CERITA-CERITA KARO CHACHA NALIKA WINGI WONGE KETEMU ANGGUN KARO LEZANO DOLAN BARENG NENG KARANG TENGAH IMOGIRI. CHACHA MURENG-MURENG ORA KARUAN, NANGING SAK WISE DIJELASKE KARO LEZANO, CHACHA NGERTENI.

'ADEGAN I

135. NADINA : Cha pengen ngerti sesuatu ora ? Nanging yen tak omongi kowe aja mureng-mureng karo aku yo..

136. CHACHA : Opo ? or awes Din, penting ora ?

137. NADINA : Lumayan penting sih. Wingi kit a, aku kepetuk Lezano karo Anggun dolan neng Karang Tengah Cha. Gek ngerti ra, wingi ta do gojek-gojek ngono tapi suwe-suwe Anggun nangis nanging malah tambah mesra kae lho.

138. CHACHA : Kurang ajar tenan ee Lezano ki, lagi putus 2 jam wes gandeng wedokan Nyebaii Telo.. telo..{{rh|~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~||153}