Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/177

Kaca iki wis divalidasi

ADEGAN 1


167. LEZANO : “Assalamu’alaikum.”

168. ANGGUN : “Wa’alaikumsalam. Eh mas Lezano, mangga mlebet !!”

169. LEZANO : “Dhewekan neng ngomah po nok ? Simbok, Bapak pada nengdi ?”

170. ANGGUN : “Ho’oh je mas. Bapak karo Simbok lagi neng ngomahe simbah. Dingaren sore-sore ngene.”

171. LEZANO : “Ho’oh nok. Mau les neng sekolahan dadi sore. Pengen ketemu kowe aku nok, kangen banget. Neng sekolahan ora ketemu ta,”

172. ANGGUN : ”Halah, engko Mbak Chacha nesu mas ? ora ngono kuwi.”

173. LEZANO : “Aku kan uwis pedhot nok karo Chacha. Gek aku mau uwis njaluk ngapura, saiki uwis kaya kanca biasa. Saiki awake dhewe arep kepiye nok ?”

174. ANGGUN : “Woy o sukur nek ngono ?? Karepku yo ngono kae mas, hehe..”

175. LEZANO : “Baleni nok, lee mu ngomong wingi.”

176. ANGGUN : “Isin aku mas..”

177. LEZANO : “Wingi we ora isin kok. Sayang.. baleni ta !!”

178. ANGGUN : “Mas Lezano.. Aku tresna karo kowe. Aku pengen kowe dadi pacarku, nanging piye yo mas..”

179. LEZANO : “Hah, seumpamane awake dhewe dadi pacar piye Bapak karo Simbokmu ??” kayake padha ora seneng ta karoaku amarga aku kur anake wong ora duwe. Hooh ta Nok?”

180. ANGGUN : “Bapakku uwis ngolehke mas yen seumpamane awake dhewe dadi pacar, nanging simbok iseh piye ngono mas karo kowe. Aku ora ngerti masalah opo?. Lha saiki jujuro Mas, saying ora karo aku”

181. LEZANO : “Aku saiki isoh saying karo kowe. Aku yo pengen kowe dadi pacarku. Kowe gelemang ngewangi aku ngomong karo wong tuwamu yen awake dhewe pengen pacaran. Nalika

156

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~