Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/182

Kaca iki wis divalidasi

38. SUMEJO: Oh kok abot tenan syarate.

39. DHULGENDHU: Lha nek ngeteniku syaratipun kang.

40. SUMEJO: Salawase aku durung tau pasa, apa maneh kudu turu ning kuburan, mengko nek ketemu ...? hii mrinding gitok ku..”

41. DHULGENDHU: Pie kang kuk sajak mangu mangu?”

42. SUMEJO: Hiiiiii........!!!

43. DHULGENDHU: Wis taa, kowe wong lanang ora perlu wedi, nek aku isin yen nganti wurung

44. SUMEJO: Ora kok wedi Dhul..

45. DHULGENDHU: Lha ganeya ? ngapa hi.hi.hi wae.

46. SUMEJO: Ning apesing awak nek mengko sing godha udu bangsaning dhemit ning macan temenan.

47. DHULLGENDHU: Godha genti kang..he.he.he.

48. SUMEJO : Mbah mu Dhul diKlethak engko ndasku, njur bojoku dadi randha anak anak ku sing ngopeni sapa..

49. DHULGENDHU : Owalah kang , mbok mboten sah kakean miker aneh anehipun..niat nggayuh kamukten tohening pakti..


ADEGAN III

SUMEJO NEKANI KUBURAN PUTHUK TUNGGENG.ING KUBURAN SUMEJO DITEKANI NINI-NINI AWAKE WUNGKUK , RAMBUTE MADHUL MADHUL, NYANGKING TEKEN KARO GUMUYU LEKEK LEKEK.


50. NINI : Heeh,Heeeh,heeeeh...kowe nduwe penjalok apa !” heeeh heeeh...

51. SUMEJO : Ku .. ku... kula( keweden ) kepengen sugeh mbah?

52. NINI : Saranane abot ..apa koe bisa nglaksanani ?”

53. SUMEJO : Mundhut napa mawon kula saguhi mbah waton bisa urip kepenak napa napa keturutan..”

54. NINI : Kowe mantep tenan , ora bakal getun ?”

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

161