Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/183

Kaca iki wis divalidasi

55. SUMEJO : Pun ta mbah , Estu mbah , kula mboten ngapusi .?

56. NINI : Saranane saben taun kowe kudu kirem jago utawa babon ,ngerti ..!!!!

57. SUMEJO : Kula saguh mbah , gampang nek mung jago utawi babon.. niku barang sepele.

58. NINI : Temenan aja mbLenjani ,wes kana bali...bali , klakon klakon Rindhik asu dighitek Sumejo ninggalke kuburan puthuk tunggeng kanthi athi merem kebhak pengarep.


ADEGAN IV

59. DHULGENDHU : Pripun kang kabare, pun kasil napa kuk sajak sumringah seneng.

60. SUMEJO : Wis beres Dhul .

61. DHULGENDHU : Sukses kang ?

62. SUMEJO : Gene mung sepele bae, pokoke yen bakalan kelakon kowe rasah susah buruh nyupir maneh

63. DHULGENDHU : Bab iku gampang bisa dirembug, rikala nepi teng kuburan diweruhi napa mawon kang?

64. SUMEJO : Wah werna werni Dhul...nek aku rawedi, nek kowe sek nglakoni mesti mati ngadeg..ha.ha..!!

65. DHULGENDHU : Weleh weleh , ngece kowe sajake ki kang..

66. SUMEJO : Nyatane ta Dhul .hehe..Yowis Dhul tak bali dipek

67. DHULGENDHU : Ya ngati ati mawon kang , wedeni genthi menawi kepethuk...he.

68. SUMEJO : Kepethuk apa...? demet pa ? ra wedi

69. DHULGENDHU : Demite sing wedi karo kang mejo . ha.h.ha.

70. SOEMEJO : Gundhulmu Dhul...

162

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~