Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/192

Kaca iki wis divalidasi

ADEGAN II

AGUNGGELAR, ABIROSA, ISEPBETTER ING RUANG PATEMON KONGGRES

061. ABIROSA : Walah Pak sik mengko sik pak kongrese aja di bukak sik?

062. AGUNGGELAR : Weh la napa je pak, kok ampun di bukak riyen, nika lho sampun rawuh Pak Isepbetter.

063. ABIROSA : Waduh gih sekedap mawon lha wong nika niku telat kok mbok mengke jam 8 sisan!

064. AGUNGGELAR : Wah arep tak mulai wae mesake mosok dikon nunggu awakdhewe ngobrol!

065. ABIROSA : Nggih mboten saged Pak wong kita gelem nunggu mrika-mrika gih kudu gelem nunggu awakdhewe, masalahe penting jew pak

066. AGUNGGELAR : Yo wis cepet

067. ABIROSA : LPI niku kudu kasta paling duwur pak sak nduwure Liga super!

068. AGUNGGELAR : Welah nek mbahas masalah kuwi, sesuk karo ketua PSSI sing kepilih

069. ABIROSA : Ya masalahe calone ora ana sing apik kok, ora sesuai karo keadaan, nek Pak Erafin karo Teorge sesuai pak!

070. AGUNGGELAR : Wis ta kuwi dudu urusanku lho

071. ABIROSA : Dudu urusanmu piye to pak, njenengan niku Ketua Komite Kurmalisasi

072. AGUNGGELAR : Lha Tugas kula niku namung nyukses aken kongres pak!

073. ABIROSA : Lho bapak niku pripun wo tukang ngapusi

074. AGUNGGELAR : Weh ngomonge ati-ati njenengan niku, aku ngapusi apa?

075. ABIROSA : Jarene ngakui LPI

076. AGUNGGELAR : Lha kula nggih pancen ngakoni kok, ngapusi pye, omomnganmu ra tata

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

171