Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/193

Kaca iki wis divalidasi

077. ABIROSA: Nek ngakoni niku nggih kudu merjuangke pak!

078. AGUNGGELAR: Lha ning kan LPI tetep entuk mlaku nanging neng pengawasane PSSI

079. ABIROSA: Lha gih bener nanging mosok kudu saking Divisi 3 gih mboten purun kula pak!

080. AGUNGGELAR: Nggih kuwi urusane karo ketua PSSI udu karo aku kowe ki dong ora.

081. ABIROSA: Walah kepriye jew pak lha nek PakErafin lan Teorge mboten lolos gih LPI sami mawon saking Divisi 3 Pak!

082. AGUNGGELAR: Ya ora mesti

083. ABIROSA: Ya mesti, waelah

084. AGUNGGELAR: Ya ora entuk ngono kuwi!

085. ABIROSA: Ya entuk, lha wong LPI ki ligane Profesional, nganggo duwit dhewe, udu duwite rakyat! kudune langsung paling duwur

086. AGUNGGELAR: Ya pancen kuwi aku setuju nanging kan aku ming dikon nggawa LPI mlebu sistem PSSI lah kebijakane tergantung ketua PSSI

087. ABIROSA: Wau kula mireng jarene bapak mbela rakyat pundi buktine

088. AGUNGGELAR: Apa hubungane

089. ABIROSA: Lha niku, wong sing LPI mboten ngangge duwite rakyat kok malah ora di bela malah belani LSI.

090. AGUNGGELAR: Walah pak aku ki ora mbela siji lan sijine ya

091. ABIROSA: Wo ateges tenan bapak ki pancen tukang ngapusi

092. AGUNGGELAR: Aku ora ngapusi

093. ABIROSA: Ngapusi!, Ndobosan!

094. AGUNGGELAR: Ora kok!

095. ABIROSA: Hoo wae

172

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~