Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/194

Kaca iki wis divalidasi

096. AGUNGGELAR: Ora kok!ora waton ngomong

097. ABIROSA: Kenyataane kados niku jew Pak!

098. AGUNGGELAR: Aku rak wis ngomong nek protes karo FAFI lewat CUS

099. ABIROSA: Nggih kula cobi kuwi kudune tugase bapak dudu aku

100. AGUNGGELAR: Lha kok tugasku piye kuwi, tugasmu sing nduwe LPI kowe, ya kowe, wis aku arep bukak kongres!


ADEGAN III

AGUNGGELAR, SULEMUKADAR, ISEPBETTER ING RUANG PATEMON KONGGRES

101. ISEPBETTER : Niki sampun saged diwiwiti?

102. AGUNGGELAR : Niki Indonesia Pak!

103. ISEPBETTER : Iya aku ngerti kaplan diwiwiti?

104. AGUNGGELAR : Hah angklungipun di maling Malaysia Pak, lho lha kok ngertos pak.

105. ISEPBETTER : Kesuwen gek diwiwiti?

106. AGUNGGELAR : Hah sampun suwe pak le di maling Malaysia

107. SULEMUKADAR : Ngawur makde kuwi gek diwiwiti, dudu angklung di maling Malaysia

108. ISEPBETTER : Nah kuwi maksud ku

109. AGUNGGELAR : Oh ajeng dahar riyen?

110. SULEMUKADAR : Wis aja da gojek, gek diwiwiti wis jam 8 cuy!!!

111. AGUNGGELAR : Sampun saged diwiwiti nggih pak?

112. ISEPBETTER : Sampun

113. AGUNGGELAR : Kula sampun di sampluk pak, la wau abirosa ngejak padu je Pak!

114. SULEMUKADAR : Kesuwen! Ora sah aneh-aneh gek di bukak kongres PSSI cepet

115. AGUNGGELAR : Sampun saged nggih pak?

116. ISEPBETTER : Nggih!

117. SULEMUKADAR : Pak Isepbetter, la kok Teorge kalih Erafin mboten lolos niku kengeng napa

118. ISEPBETTER : Ora jumbuh karo syarate

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

173