Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/196

Kaca iki wis divalidasi

144. AGUNGGELAR : Kowe kuwi kaya ora nduwe calon liya, wae

145. SULEMUKADAR : Lha liyane dha ora genah kabeh kok!

146. AGUNGGELAR : Lha apa kowe kuwi genah?

147. SULEMUKADAR : Aku genah, wis jelas aku mbela bangsa, malah ora kok dukung

148. AGUNGGELAR : Loh aku ki ndukung kok

149. SULEMUKADAR : Ora! kowe malah ndukung landa stres kae

150. ISEPBETTER : Malah ngece aku stres!

151. SULEMUKADAR : Lha ya pancen stres kok

152. ISEPBETTER : Ora!

153. SULEMUKADAR: Stres!

154. ISEPBETTER : Ora!

155. SULEMUKADAR : Stres kowe kuwi!

156. ISEPBETTER : Nek ora, ya ora

157. AGUNGGELAR : Wis dha meneng malah bayi kabeh!

158. ISEPBETTER : Ya gara-gara sulemukadar!

159. SULEMUKADAR : Malah ngarani aku, kowe kuwi, pokoke Teorge lan Erafin kudu lolos

160. AGUNGGELAR : Malah, rame terus kawit mau wis kongrese ora sido di mulai! (thok-thok mukul palu)


ADEGAN IV

SAHIDIN, AYU ING ANGKRINGAN

161. SAHIDIN : Sugeng enjing ayu

162. AYU : Sugeng enjing mas sahidin badhe tumbas napa gih?

163. SAHIDIN : Wedang jahe kaya biasane wae

164. AYU : Ning nek utang emoh aku mas

165. SAHIDIN : Ora, saiki mbayar, eh karo rokoke sisan, sing mereke Jarum 76

166. AYU : Wo nggih, wah njenengan niku ngobong duwit mawon

167. SAHIDIN : Ya ben duwit-duwitku kok ko ko kowe ngapa?

168. AYU : Lha wingi utange durung tok bayar jew!

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

175