Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/21

Kaca iki wis divalidasi

Selvia Budi Prasanti
SMA Stella Duce Bantul

GREJA GANJURAN,
PAPAN LESTARINING KABUDAYAN


Yen para pamaos badhe mrangguli lan nyekseni lestarining kabudayan Jawi, katuran tindak Greja Ganjuran. Papan sembahyangipun umat Katolik ing Paroki Ganjuran menika klebet ing tlatah Kevikepan Ngayogyakarta paling kidul. Greja Tyas Dalem Gusti Yesus (Hati Kudus Tuhan Yesus) Ganjuran menika mapan ing dhusun Gedogan, Sumbermulyo, Bambanglipuro, Bantul. Udakara 18 kilometer sisih kidul kitha Ngayogyakarta.


Greja kang ugi kondhang candhinipun menika gadhah 12 wilayah lan 54 lingkungan ing parokinipun. Umat Paroki Ganjuran wonten kurang langkung 6.775 jiwa. Samenika Greja Tyas Dalem Gusti Yesus Ganjuran dipunpangarsani dening Romo A. Jarot Kusna Priyono, Pr, kabantu Romo Greg. Awan Widyaka, Pr lan Romo Greg. Utomo, Pr.

8

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~