Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/214

Kaca iki wis divalidasi

186. JURAGAN GUDEG : “Yowis.. nek ngono , omonganku iki mau mek Nguji sepiro to.. tresnamu marang anak bojomu. Saiki aku ngekeki iki ikhlas .. iki udu wujud aku arep nuku anak bojomu, iki bisa dingo modal usaha.”

187. SIMBOK : “Duh…. Gusti matur nuwun sanget.” Keluargaku Enthuk rejeki , berkah , bojoku brubah.”

188. BAPAK : “Matur nuwun ngeh..Pak.” Mbok.., Rin..,Joko, Pak..”aku njaluk ngapura, aku ra tanggungjawab.”

189. RINI : “Injeh.. pak. Mboten menapa-napa.”

190. JURAGAN GUDEG : “Yowis saiki duwite iki dimanfaatke kanthi becik, aku melu seneng nek keluarga iki iso tentrem lan harmonis .”

191. BAPAK, RINI, JOKO, SIMBOK : “Matur nuwun nggih.. pak.”

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

193