Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/216

Kaca iki wis divalidasi

012. Bocah2 : “Ampun, Ampun Mas.” (nangis)

013. Tono : “Wis ta. Mesakake isih cilik.”

014. Bams :“Ya ora ngono.”

015. Sarah : “Mengko nek dha ngandhakke mbokne piye?”

016. Bams : “Yo ben. Wong miskin ngendi sing wani karo aku.”


ADEGAN III

GENDHIS TEKA.

017. Gendhis : “Eee . . ., ngapa kowe jewer bocah iki? Culke!” (nesu) Bams ngecuklake bocah loro mau. Bocah loro mau marani Gendhis karo nangis.

018. Bams : “Nah lho. Sapa maneh iki?”

019. Jhon : “Mbokne paling.” Padha ngguyu.

020. Tono : “Nek mbokne ayune kaya ngono, aku gelem dadi bapakne bocah loro kuwi.” Padha ngguyu.

021. Tina : “Pa ya kowe betah, ngadhepi nakale bocahe?

022. Jhon : “Pak e, pak e . . .” Padha guyu saya sero.

023. Tono : “Guwang wae. Aku ming pengen mbokne.”

024. Bams : “Ha ha ha . . . “(guyu paling sero)

025. Gendhis : “Mentang-mentang kowe-kowe kuwi wong sugih terus isa sakpenake dhewe karo wong cilik. Jewer cah cilik sing ra ngerti apa-apa.” Padha meneng.

026. Bams: “Nek masalahe cah cilik loro mau, kuwi pancen salahe bocah. Mlayu ra nganggo mata.”

027. Gendhis : “Jenenge ya cah cilik.”

028. Sarah : “Cah cilik piye? Bocah iki wis nubruk Bams. Deloken! Klambine Bams dadi lecek kaya ngene.”

029. Gendhis : “Kan ming klambine, isa dikumbah.”

030. Bams : “Weee . . . Iki klambi larang. Kowe ra bakalan isa ngijoli.”

031. Gendhis : “Klambi reged kan garek dikumbah, rasah umuk kaya ngono.”(nggedumel)

032. Bams : “Omong apa kowe?”

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

195