Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/22

Kaca iki wis divalidasi

Greja Ganjuran sewaunipun wonten ing wilayah Pabrik Gula Gondanglipuro. Pabrik menika kabangun wiwit taun 1862, lan ing taun 1924 kabangun greja ing areal pabrik.

Samenika PG Gondanglipuro namung kantun tilasipun. Ing papan tilas adeging pabrik, kabangun biyara, panti asuhan, lan griya sakit. Ingkang mandhegani adeging biyara, panti asuhan, rumah sakit, lan greja inggih menika Julius Schmutzer, injih tiyang Belanda ingkang kagungan PG Gondanglipuro. Schmutzer ngajeni sanget kabudayan Jawi. Yen tetiyang manca saged ngajeni kabudayan Jawi, kita tiyang Jawi ugi kedah saged ngajeni lan nguri-uri kabudayan Jawi.


Lestarining kabudayan Jawi ing Greja Ganjuran saged dipun tingali saking cakrik bangunanipun. Nalika para misionaris Katolik saking Eropa (Belanda) lumebet ing Jawi, kathah greja ingkang mbekta ciri greja Belanda. Nanging mboten mekaten ing Ganjuran. Ciri Jawi rinaos kenthel. Ing Greja Ganjuran ugi wonten patung Ibu Maria model Jawi, ing kang sinebat “Dyah Mariyah Ibu Ganjuran”.

Greja Ganjuran ugi nggadhahi candi kang cakrikipun Jawi. Candhi menika kabangun saking sela Merapi lan pasir Parangtritis. Candhi Tyas Dalem Gusti Yesus (Hati Kudus Tuhan Yesus) Ganjuran madhep mangidul, ingkang nggadhahi suraos: papan pinanggihipun Gusti ingkang dados rama lan Gusti ingkang dados biyung.

Ing salebeting candhi wonten patung Kristus Raja. Patung menika nedahaken bilis Gusti Yesus dados rama lan ibu, ingkang wantun sangsara, gerah, lan seda supados nglairaken manungsa

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

9