Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/222

Kaca iki wis divalidasi

ADEGAN XI

GENDHIS LINGGUH NING CAKRUK

0113. Gendhis : “Ngapa aku ndadak seneng karo si Bams. Pendhak dina kebayang-bayang pasuryane terus. Nanging apa dhekke ya seneng karo aku?” Bams teka. Gendhis kaget.

0114. Gendhis : “Mas Bams”

0115. Bams : “Peneran kowe ning kene.”

0116. Gendhis : “Emang eneng apa Mas?”

0117. Bams : “Aku arep omong karo kowe?”

0118. Gendhis : “Omong apa mas?”

0119. Bams : “Anu . . .”

0120. Gendhis : “Anu apa Mas?

0121. Bams : “Aku . . . Aku tresna karo kowe.”

0122. Gendhis : “Apa Mas?” (kaget)

0123. Bams : “Aku ngerti. Kowe mesti isih sengit karo aku. Soale aku mbiyen seneng ngunek unekke kowe.”

0124. Gendhis : “Ora, mas. Sajakke aku ya tresno karo kowe.”

0125. Bams : “Tenan, Dhis?”

0126. Gendhis : “Nanging aku ngrasa ora pantes karo kowe.”

0127. Bams : “Ora pantes piye? Justru aku sing kudune ngrasa ora pantes karo kowe. Aku ora isa ngajeni wong liya.”

0128. Gendhis : “Nanging aku wong miskin, kowe wis arep sugih meneh.”

0129. Bams : “Bukane kowe mbiyen tau omong nek wong miskin lan wong sugih ki padha wae? Aku ora mikirke mbok kowe miskin pa sugih, aku tetep tresna karo kowe. Aku ki ya wis tahu miskin. Amarga tepung karo kowe aku dadi isa ngajeni wong liya.” Bams tetep gujengi tangane Gendhis.

0130. Bams : “Gendhis?”

0131. Gendhis : “Iya, Mas.”

0132. Bams : “Aku Bams alis Bambang Suparman tresno karo Gendhis Sekararum. Apa kowe gelem dadi hyangku?”

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

201