ADEGAN II
ANA ING SAWAH BABINE MBAH DARMO NYOLONGI WOH-WOHANE PARA WARGO KANG CETHIL
26. BABI 3 : Rene-rene cepet iki luweh okeh woh-wohane ono duren sawo, lan rambutan
27. BABI 1 : Sikek tunggu
28. BABI 4 : Neng kene ya akeh lho…. ono peleme barang
29. BABI 1 : Ayo digawani muleh wae ya salong
30. BABI 3 : Aku setuju
31. BABI 2 : Awak deweki njipuki woh-wohane uwong ora nembung kui jenenge maling ta..?
32. BABI 4 : Hooh pancen awak dewe maling lha ngapa?
33. BABI 2 : Maling niku rak ya doso ta konco-konco
34. BABI 3 : Uwis ra papa sek penting warek, koruptor kae sek wetenge da wareg we ya pada nyolong kok!!
35. BABI 4 : Hooh Babi loro kowe ki menengo!!!!
36. BABI 1 : Dalam hal ikhwal kegentingan yang memaksa nyolong ya ra papa. Wis... wis yo gek cepet, nek wis warek ayo gek lungo ndak konangan.
ADEGAN III
ING DALAN KAMPUNG WARGO PODHO OPYAK NGOMONGKE BABINE MBAH DARMO
37. WARGO 1 : Sugeng sonten yu Madi
38. WARGO 2 : Sugeng sonten
39. WARGO 1 : Badhe tindak pundi yu?
40. WARGO 2 : Iki arep menyang warung tuku uyah
41. WARGO 1 : Wallah yu Madi nek aku ya ra lefel neng warung, mbok nang super market ana Alfamart, Indomaret, Indogrosir, garek milih.
42. WARGO 2 : Mung arep tuku uyah we kok adoh-adoh
43. WARGO 1 : Ra papa yu ana diskon lho yu limolas persen
44. WARGO 2 : E…ora nggolek diskon-diskonan tenih nek kabeh uwong koyo kowe kuwi sethitik-sethitik neng supermarket, warong-warong padha bangkrut.
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
205