Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/227

Kaca iki wis divalidasi

45. WARGO 3 : Yu…. yu… Madi……. kowe reti ora yu (karo mlayu- mlayu)

46. WARGO 2 : Ana apa… ana apa…..???

47. WARGO 1 : Le ngomong ki mbok sek cetho ana apa Man Pariman??

48. WARGO 3 : Ana … ana… ana…..

49. WARGO 2 : Ana apa …??

50. WARGO 3 : Ana Babi kang nyolongi woh-wohan yu, neng kebone awake dhewe

51. WARGO 2 : Kowe ki tenane?? Babine sapa??

52. WARGO 3 : Tenan yu aku ora ngapusi, nanging aku ora reti kuwi babine sapa??

53. WARGO 1 : Wo... Babi, aku reti kuwi mesti babine Mbah Darmo kuwi. Wargo kampung kene sek duwe babi rak yo mung Mbah Darmo to?

54. WARGO 2 : Banjur awake dhewe kudu kepiye iki?

55. WARGO 1 : Mending lapor nggone pak RT yu

56. WARGO 3 : Hooh yu ayo bareng-bareng Engko bareng-bareng nggrebek omahe Mbah Darmo

ADEGAN IV ANA ING NGAREP OMAHE PAK RT

57. WARGO 3 : Yu, le mlaku dicepetke ayo men gek ketuk.

58. WARGO 2 : Iyo sabar, wis, arep ketuk we kok le kesusu.

59. WARGO 3 : Pak.... Pak RT Pak Pak RT kulo nuwun. (dumadaan bu dukuh liwat)

60. PAK RT : Nggih wonten napa?

61. WARGO 3 : Badhe laporan pak, laporan kemalingan.

62. BU DUKUH : Nyuwun sewu nyelo pangandikan, ana apa iki rame-rame?

63. WARGO 2 : Wah iki Man mumpung ono bu dukuh barang.

206

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~