Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/229

Kaca iki wis divalidasi

bi-babimu nyolongi woh-wohan neng kebon.

86. WARGO 2: Wis ayo, digebuki wae, ayo ayo

87. PORO WARGO: Ayo ayo

88. PAK DUKUH: Ana apa iki, ana apa ribut-ribut. Mandek..... mandek.....

89. PAK RT: Niki Pak Babine Mbah Darmo nyolongi woh-wohan wargo

90.PAK DUKUH : Lha kok digebuki ki kepiye?

91.WARGO 1: Niku ben kapok Pak Dukuh

92.WARGO 2: Inggih Pak, ben kapok

93.WARGO 3: Ayo diusir wae, ayo ayo

94.PORO WARGO : Ayo ayo ayo (pak dukuh nyobo nyegati nanging ora biso)

ADEGAN VI

AMERGO MANGKEL KARO PARA WARGO, BABI-BABINE MBAH DARMO NYOLONGI KLAMBINE PARA WARGO DESO, ANA TENGAH WENGI ING NJERO DESO

95. BABI 1 : Adoh-adoh awakku lara kabeh

96. BABI 2 : Geger kulo niki mlicet-mlicet, jempolku ngilungilu

97. BABI 3 : Wah, kecantikanku isoh ilang iki

98. BABI 4 : Wah, remek rasane awakku

99. BABI 1 : Ayo diwales wae iki, apa kang wis dilakoni para wargo deso marang awake dhewe.

100. BABI 3 : Piye carane males?

101. BABI 4 : Piye ya aku ya bingung sek-sek

102. BABI 1 : Aku duwe pamikiran, piye nek awake dhewe nyolongi klambi-klambine para wargo kene

103. BABI 3 : Aku setuju, ayo saik wae mumpung wis padha turu

104. BABI 4 : Ayo ayo ben do ngrasakke, kaya sek awake dhewe padha rasakke

105. BABI 1, 2, 3 : Ayo ayo....{{rh|208||~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~