Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/236

Kaca iki wis divalidasi

ADEGAN X
KRUNGU SUARA PIRING PECAH, SIMBOK TEKA ING PAWON.
81. SIMBOK : Ana apa ta iki, nganti piringe pecah?
82. JUMI : Iki lo Mbok.
83. BADRUN : Ora reti apa sing dipengeni bojone!
84. SIMBOK : Ana apa ta? piye? alon-alon wae.

ADEGAN XI
KRUNGU SUARA RIBUT-RIBUT SEKA PAWON, BAPAK TEKO ING PAWON KARO RUPA KHAWATIR.
85. BAPAK : Ana apa iki? Piringe nganti pecah!
86. BADRUN : Takonna anak mu Pak!
87. JUMI : Iya, aku reti, aku salah Mas.
88. BADRUN : Kowe ki uwis ngekon-ngekon aku ngrewangi Bapak neng sawah. Bali-bali mung disuguh tempe. Kelingan janji mu dik!
89. JUMI : Ya iki emang iwak Mas!
90. SIMBOK : Aja sero-sero. Jelasna alon-alon.
91. JUMI : Iki lo Mbok, mau aku janji karo Mas Badrun. Sak uwise rampung ngewangi Bapak, aku arep masak ke iwak.
92. BAPAK : Lha iki uwis Mbok masak ke ta Nduk?
93. JUMI : Uwis Pak.
94. BAPAK : Lha iki kurang piye Drun?
95. BADRUN : Tak kandani ya Pak, sing jenenge iwak ki ya iwak bawal, gurameh ora iwak tempe, kuwi jenenge dudu iwak. Kuwi jenenge lawuh.
96. BAPAK : Lha piye ta Nduk? kowe ora dhong apa sing dikarepke bojomu iki?
97. JUMI : Aku ya ara reti pak! tak kira ki ya iwak biasa.
98. SIMBOK : Astaghfirullah!
99. BAPAK : Ana apa Mbok?
100. SIMBOK : Aku lagi kelingan yen uwong Jogja yen ngarani iwak iki iwak banyu.
101. BAPAK : Owalah.

102. BADRUN : Saiki piye? kowe ora reti sing tak karepke dik!

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

215