Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/24

Kaca iki wis divalidasi

Mboten kesupen para petugas ngagem busana Jawi. Gendhing dan lelagon ingkang angiringi Prosesi Agung ugi mawi basa Jawi.

Sasanesipun Ekaristi Malem Jemuwah Kapisan lan Prosesi Sakramen Maha Kudus, taksih wonten ekaristi sanesipun ingkang mawi basa Jawi, inggih menika ekaristi padintenan, ekaristi mingguan, lan ekaristi-ekaristi ingkang gayut kaliyan riyaya gerejani (Natal, Paskah, Pentakosta, lsp.).

Ciri sanesipun saking Greja Ganjuran ingkang magepokan kaliyan kupiya nglestantunaken budaya Jawi inggih menika maringi kawigatosan dhumateng budaya Jawi, mliginipun gangsa utawi karawitan. Gangsa lan karawitan menika kangge angiringi ekaristi ing malem Jemuwah Kapisan, Prosesi Sakramen Maha Kudus saben Juni, saha ekaristi-ekaristi rutin ingkang jumbuh kaliyan pahargyan Natal, Paskah, Pentakosta, lsp.

Paraga pangrawit ing Ganjuran mboten namung bapak lan ibu kasepuhan, nanging ugi nggandheng para siswa SMP lan SMA Stella Duce.


Perlu kacathet, sasanesipun mawi karawitan, ing Prosesi Agung ugi wonten beksan Jawi. Beksan Jawi menika kacakup ing liturgi ekaristi, dados mboten namung kangge hiburan.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

11