Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/241

Kaca iki wis divalidasi

40. Febri : Ningo Mas... (ngoceki tangane Bimo karo nangis)
41. Bimo : Sak karepmu (ngeculke tangane Febri karo mlaku lungo)
42. Febri : Mas.... Mas... Mas Bimo............. ! (Febri banjur mlayu mlebu ngomah)


ADEGAN III
MENGI ING RUANG TAMU, PAK TONO LAN BU TONO NGOMONG AKE KEKAREPANE FEBRI SING AREP SEKOLAH NENG SMK ST
43. Pak Tono : Iki kepiye Bu, Febri pengin sekolah neng SMK ST ?
44. Bu Tono : SMK ST ki rak sekolah tari ta...?
45. Pak Tono : Ho ..oh....
46. Bu Tono : Ya ra papa sik penting anake seneng neng kono
47. Pak Tono : Ibu ki kepiye ta.....? nek Febri neng SMK ST mengko ndugal koyo konco-kancane
48. Bu Tono : Ketularan ndugal...? nek kuwi garek wong-wongane Pak
49. Pak Tono : Ora ming gur kuwi, Febri ki nek pentas rak ya mbukak aurat ta..? terus lawan maine rak ya lanang dudu mukhrime Bu !
50. Bu Tono : Nanging kuwi nglestarek ake budayane Indonesia
51. Pak Tono : Arepa kae ora oleh..! (sero) Febri langsung marani bapak karo ibune sik lagi omongomongan ing ruang tamu
52. Febri : Bapak ki egois, apa-apa aku kudu manut (mbengok)
53. Pak Tono : Karepmu apa ha....? kowe ki ngerti ora nek kowe neng papan seni mesti kowe ki ngumbar auratmu (mlorok)
54. Febri : Aku pengin teng riko Pak (nangis)
55. Pak Tono : Pokoke ora oleh....!
56. Bu Tono : Bapak ki lho...
57. Pak Tono : Ibu rasah melu-melu

58. Febri : Alah..... Pak ........ Febri banjur mlayu neng kamar

220

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~