Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/245

Kaca iki wis divalidasi

006. PAIJO : Guya-guyu wae kowe ki, Ndul. Wee, ee.. lha.. dha.. lha, kowe ki piye je, Ndul.. Pindul. Ea..lah.. (keweden karo geplek pundake Pindul) Kepriben terusan awake dhewe sing arep bali ki?
007. PINDUL: He.. He.., (mringis karo nduding pocong sing neng mburine Paijo) sa…bar, Jo.
008. PAIJO : Ana apa, Ndul dudang-duding? Sabar piye? Sanajan, ngerti dalan ora je kowe ki? (jirih)
009. PINDUL: Po.. cong..!! (njerit karo nutupi mripate nganggo tanganne loro). Aku ki ngerti dalan sakjane ki, Jo. Nanging amarga lali ya dadi kadadeyan kaya ngene (karo keweden)..
010. PAIJO: : (kaget-kaget keweden) Apa iya, Ndul? (karo ninguk mburi). Ora ana ki, Ndul. Dadi wong ki rasah medeni, wis ngerti kancane ki weden isih wae ya diwedeni. Terus piye nasibe awake dhewe ki, nek kowe dhewe lali dalan? (melas keweden).
011. PINDUL : (bingung) Weh.., la kok dadi ora ana ya poconge? aja-aja ngilang, tenan mau ki ana neng mburimu, Jo. E..a..lah, coba tak pikir-pikir sikek sapa ngerti aku mengko nek kelingan dalan ing desa iki.
012. PAIJO : Wo.. lha niatmu kuwi mung arep gawe medeni. Ya.. dipikir sikek, ning aja suwe-suwe le mikir, Ndul! Kok ya isa ngono la mau ki..(nyesel karo lungguh ana ing uwit neng pinggir dalan).
013. PINDUL: Ya.. Ya.. tenan ora ngapusi aku, Ja. (karo ngetutke Paijo lungguh neng uwit kuwi). Aku ki kok ya ndadak lali barang ta ya? Jan, marai bingung.
014. PAIJO : A.. lah.., embuh Ndul. Ora ngerti aku karepe pikiramnu piye.

015. PINDUL : Ya aja susah ngono kuwi ta, Ja. Kathik kaya wong nelangsa tenan rupamu ki? Tenang wae awake dhewe ki nyasar mung sedilit iki ki?

224

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~