Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/249

Kaca iki wis divalidasi

049. PAK KULI : Saiki ngene wae, le.., kancamu digawa neng omahku. Terus mengko kabeh masalahe dirembuk neng kana. Kepiye kowe setuju ora?
050. PAIJO : Kasinggihan menika, Pak. Kula nderek mawon kalian Bapak amargi kula mboten mangertos daerah menika.
051. PAK KULI : Yo, saiki kowe mbopong kancamu kuat ora?..
052. PAIJO : Kiat mawon kula, Pak.
053. PAK KULI : Yo, wis saiki wae ayo.
054. PAIJO : Nggih..

ADEGAN VI
PAK KULI LAN PAIJO BANJUR NINGGALAKE KUBURAN. TERUS PADA LUNGA MENYANG OMAHE PAK KULI. ING RUANG TAMU OMAHE PAK KULI PAIJO NUROKKE PINDUL. NENG KONO PAK KULI LAN PAIJO REMBUGAN PERKARA KUBURAN NENG KIWA OMAHE PAK KULI
055. PAK KULI : Mlebu kene, le. Kowe karo kancamu kuwi mau ki kok ya isa tekan desa kene ki piye. Critakna (karo ngajak lungguh Paijo). 056. PAIJO : Kula, piyambak menika nggih mboten mangertos menawi badhe kedadosan masalah menika, Pak.
057. PAK KULI : Oa..lah.. Terus piye nek ngeneki masalahe kuburane anakku..haduh… (karo nesu).
058. PAIJO : Lha menika nggih kepripun nggih, Pak. Amargi kula nggih mboten mangertos menawi kuburan menika.. Lha bapak nyuwun nipun kepripun?
060. PAK KULI : Pokoke aku ra trima nek kuburanne anakku dadi obrak abrikan kaya ngono…Pokoke aku njaluk tanggungjawabmu lan kancamu sekalian, le..!!! (nesu-nesu)

ADEGAN VII

KRUNGU SWARA RAME-RAME BU KULI TEKO NENG RUANG TAMU. BANJUR NGAKON ORA SAH RAME-RAME AMARGA DINA KUWI WENGI.

228

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~