Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/25

Kaca iki wis divalidasi

Ing Greja Ganjuran ugi wonten paguyuban macapat lan slawatan Katolik ingkang biyasanipun ngisi ing tirakatan saben Malem Jemuwah Sepisan. Sasanesipun ing tirakatan, paguyuban macapat lan slawatan ugi “manggung” ing adicara ibadat mantenan.

Kesenian sanes ingkang ugi memasyarakat ing Ganjuran inggih menika gejog lesung ingkang katindakaken dening ibu-ibu paroki. Gejog lesung adat sabenipun sinartan beksan Jawi ingkang ugi katindakaken dening ibu-ibu paroki. Ringkesing atur, samenika Greja Hati Kudus Tuhan Yesus Ganjuran sampun saged ngragadi parokinipun kanthi wontenipun kabudayan Jawi ing lebetipun.

Bab kabudayan Jawi, sinten malih ingkang wajib lan kuwawi nguri-uri, kejawi tiyang-tiyang Jawi piyambak. Tiyang-tiyang mancanagari sami ngajeni kabudayan Jawi. Nanging, yen tiyang Jawi malah mboten purun ngajeni, kabudayan Jawi temtu badhe ical.

Pramila, mangga kita tiyang-tiyang Jawi sami sesarengan nguri-uri kabudayan kita. Caranipun wiwit saking awakipun kita piyambak-piyambak, lajeng alon-alon tansaya jembar, sumrambahipun dhateng masyarakat.

12

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~