Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/253

Kaca iki wis divalidasi

013. Satriyo : Ora Dik, saiki rungokna penjelasanku!
014. Sinta : Aku ra butuh penjelasanmu Mas, saiki kowe lunga saka omahku. Lunga!
015. Satriyo : Dik, weneh ana wektu dinggo aku njelaske. Dik, pandakwamu iku ora bener Dik.
016. Sinta : Halah, uwis Mas, lunga! Lunga saka omahku!
017. Satriyo : Wong wedok ora duwe ati! (Satriyo lunga saka omahe Sinta banjur mulih)
018. Sinta : Terserah Mas, terserah! (nangis)

ADEGAN II
NING TERAS OMAE SATRIYO, SATRIYO LUNGGUH ING KURSI KARO BAPAKNE DISAMBI NGOMBE WEDANG KOPI SING ANA NDUWUR MEJA. SATRIYO LUNGGUH ING KURSI MEPET WIT MAWAR LAN BAPAKNE LUNGGUH ING KURSI MEPET PINTU. ING SISIH KIWA TERAS ANA PIT UNTA SING LAGI DIPARKIR.
019. Wijaya :A s s a l a m u a l a i k u m . ...Paaaaaaaaaaaakkkkkkk’eee , aku munggah pangkat, aku dadi menejer saiki pak’e, bakale gajiku mundhak akeh, cihui
020. Pak Waluyo+Satriyo : Wa’alaikum salam
021. Pak Waluyo : Tenane cah ? wah, apik tenan kuwi, bapak mongkok tenan karo Le. Ora kaya kakangmu kae, sing mbendina muk luntang-lantung ora jelas.
022. Wijaya : Bapak ki, ngomong apa toh pak, ora apik ngunek-ngunekake anake dhewe kaya ngono Pak
023. Pak Waluyo : Lho, kowe ki kenapa malah mbela-mbelani kakangmu sing ora nggenah kae
024. Satriyo : Teruuuss… teruuuss wae Bapak ngelek-elek aku, aku pancen anak sing ora ana gunane ta kanggo Bapak

025. Wijaya : Sabar sabar Mas, ora maksude Bapak ko… (durung rampung anggone Wijaya ngomong, Satriyo ndressel )

232

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~