Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/254

Kaca iki wis divalidasi

026. Satriyo : Alah, rasah sok-sokan kowe mbela-mbela aku
027. Pak Waluyo : Ngapa we Satriyo? ora trima karo omonganku, koweki bisane apa, wani karo bapak
028. Satriyo : Aku pancen ora bisa kaya Wijaya, tapi aku iki lagi usaha pak kareben bisa dadi kaya Wijaya. Bapak ora isa ngunek-ngunekake aku sak kepenake Bapak aku iki duwe ati Pak
029. Pak Waluyo : Alah, omonganmu ompong bolong, ora ono nyatane. Kowe pancen pantes diunek-unekke. (bengok-bengok karo nuding-nuding Satriyo)

ADEGAN III 030. Bu Wanti : Ana apa iki Pak, kok bengak-bengok
031. Pak Waluyo : Iki lho Buk, anakmu Satriyo iki gawe bapak mumet ngrasakke dhekne, wis gedhe durung bisa golek duwit, kamangka adhine Wijaya wis sukses kaya ngono
032. Bu Wanti : Anak susah kok malah diunek-unekake ta Pak, mbok ya di paringi piweling sing becik
033. Pak Waluyo : Halah Buk, aku wis wareg ngandani bocah iki
034. Satriyo : halaaahhh!
035. Bu Wanti : Le, arep nengendi kowe le? Mak’e aja ditinggal le
036. Satriyo : Nyuwun ngapura Buk, aku kudu lunga buk, Assalamualaikum
037. Bu wanti : Satriyooo… Satriyoooo (mbengok)
038. Pak Waluyo : Ben buk, karepe dekne arep ngapa wae, sakarepe (mendelik)
039. Bu Wanti: (nangis)

ADEGAN IV
AWAN-AWAN PAK ATMO NGENTENI SINTA ING RUANG TAMU OMAHE. PAK ATMO LUNGGUH ING KURSI KAYU DISAMBI MOCO KORAN KARO NGOMBE WEDANG JAHE LAN ROKOK ING ASBAK NDHUWUR MEJO. 040. Pak Atmo : Saka ngendi kowe Nduk ?

041. Sinta : Anu Pak, aku saka omahe Satriyo

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

233