Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/258

Kaca iki wis divalidasi

095. Satriyo : Hahahaha… kecil niku Pak, nggih kula turuti

096. Pak Atmo: Endi mas kawinne?

097. Satriyo: Niki Pak, kula paringi satu juta, kontan

098. Pak Atmo: Oke oke, saiki kowe entuk nikah karo Sinta

099. Sinta: Mas, entuk dhuwit saka ngendi Mas?

100. Satriyo: Aku wis sukses dik, wis dik, santai wae

101. Pak Penghulu : Bagaimana ini Pak jadinya?

102. Pak Atmo: Jadinya, Sinta nikah kalih Satriyo ya Pak

103. Pak Penghulu: Ya ya, kalau begitu cepat kalian berdua duduk disini, saya punya jadwal ditempat lain ini

104. Satriyo & Sinta: Nggih, nggih Pak (lungguh)

105. Pak Penghulu: Lalu mas kawinnya apa nak Satriyo?

106. Satriyo: Uang satu juta rupiah Pak

107. Pak Penghulu : Oh, baiklah kita mulai sekarang sudah siap?

108. Satriyo: Sampun Pak (ngulungke tangane)

109. Pak Penghulu: (salaman karo Satriyo) Saya nikahkan Satriyo bin Waluyo dengan Fitri Sintawati binti Atmojo dengan mas kawin uang sebesar satu juta rupiah dibayar tunai

110. Satriyo : Saya terima nikahnya Fitri Sintawati binti Atmojo dengan mas kawin uang sebesar satu juta rupiah tunai

111. Pak Penghulu : Baik saksi, sah?

112. Saksi : Saaaah….

113. Kabeh uwong : Alhamdulillah

PUNGKASANE SATRIYO NIKAH KARO SINTA LAN URIP SENENG. KALUWARGANE SATRIYO NIKAH KARO SINTA LAN URIP SENENG KARO NIKAHE LAN KASUKSESANE SATRIYO. PAK WALUYO SAIKI YA ORA TAU MENEH NGAMUK-NGAMUK KARO SATRIYO.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

237