Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/261

Kaca iki wis divalidasi

SWASANA

Swasana ing dalem cerita inggih punika:

Adegan 1 : swasana enjing ingkang asrep lan anteng

Adegan 2 : swasana kaget lan seneng

Adegan 3 : swasana seneng ( pitu Widodari) lan tegang (Jaka Ngiyub)

Adegan 4 : swasana tegang lan kebak emosi

Adegan 5 : swasana seneng

Adegan 6 : swasana seneng

Adegan 7 : swasana rumaket

Adegan 8 : swasana tegang

Adegan 9 : swasana usreg lan kebak emosi

Adegan 10 : swasana tegang

Adegan 11 : swasana lan ngeres-eresi

Adegan 12 : swasana ngagetake, romantis,


SETTING

Drama ini migunakake setting:

a) Ing kayangan lan alas (wana)

b) Wektu: sore nyedaki wayah bengi


ADEGAN 1

ING TENGAH WANA

Jaka Ngiyub : (Jaka Ngiyub mikul kayu lan banjur diselehake. Sabanjure, dheweke masuh raine, ing grojogan, banjur leren kambi leyeh-leyeh), banjur grenengan dhewe, “Weleh-weleh !! Urip jaman saiki kok susah banget. Kabeh-kabeh larang, BBM mundak, malah saiki dikongolek kayu bakar. Gek ngalase wis gundul sisan. Woalah gusti-gusti.”


ADEGAN 2

SWARA ANGIN GEMRUDUK MBARENGI METUNE WIDADARI PITU SEKA KAYANGAN LAN KANTHI JEJOGEDAN. SATERUSE JOKO NGEYUB,NDHELIK ING SAMBURINING WIT-WITAN

01. Widadari : (widodari sumlengeren marang kaendahan donya lan sesawangan ing sakiwa- tengene banyu kang gemrujug iku,”Wah……….!!!”

240

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~