Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/264

Kaca iki wis divalidasi

26. Genter: Aku seka macul ning sawah.

27. Jaka Ngiyub: (Jaka Ngiyub ngguya-ngguyu lan nyekel slendang seka lehe dicolong mau). O…….. alah ngono, ta.

ADEGAN 7

28. Genter : Heh..Ngapa kowe nggawa-nggawa slendang kuwi?

29. Jaka Ngiyub: (Karo nggoceki slendang loro mau) Pas aku ngaso mau ngindhik gadis-gadis ayu, trus takjupuk wae slendange. Eh..malah eneng loro. Ki tak kei siji, arep ra?

30. Genter: (Karo ndudingi slendang sek apik) Nek sing kuwi piye? Kuwi apik je.

31. Jaka Ngiyub: Ora pokoke sing iki wae kowe!! (klesak-klesik) iki nggone widodari lho!

32. Genter: Ra mbujuk to?

33. Jaka Ngiyub: Ya ora lah, mosok iya …. Kan aku karo sampeyan konco.

34.Genter: (Mikir suwe dhisik). Piye ya?

35.Jaka Ngiyub: Wis lah, nggak usah mikir suwe-suwe.

36.Genter: Ya wis, kene.

37.Jaka Ngiyub: Yo wis Ter.. dirawat kanthi apik slendange ya! Aku bali sik ya!

38. Genter: (Karo salaman) Ok, friend, ati-ati ya! (Jaka Ngiyub medal sangking panggung)

ADEGAN 8

39. Genter: (karo nimbang-nimbang slendang sek sabenere gone Nawang Wulan. Diematematke lan diambu). Waduh slendange ambune kecut, ra tahu dikumbah po yo karo seng duwe.... yo wislah takkumbahe, mau pesene jaka ngiyub kon ngrawati e........yo tak rawatane.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

243