Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/268

Kaca iki wis divalidasi

ADEGAN 13

ING WAYAH ESUK, ANA WONG LANANG NGGANTENG NYEDHAKI NAWANG WULAN LAN NAWANG TAHUN, SEKO ARAH MBURI.

67. Jaka Ngiyub : (Kanthi gumun lan penasaran Jaka Ngiyub nyedaki Nawang Tahun. Batine: Ha iki, mesti iki widodari ....., uuuayu.)

68. Jaka Ngiyub : He Cah Ayu! Kok nangis ning tengah alas? Ana perkara apa? Mbokmenawa aku bisa mbebantu?

69. Nawang Tahun : (Karo isih mingsek-mingsek lan isih ngungkurake Jaka Ngiyub) A….. aku ra isa mulih Mas, slendhangku ilang.

70. Jaka Ngiyub : Lha omahmu ngendi Dhik...?

71. Nawang Tahun : Omahku adoh Mas, kayangan.

72. Jaka Ngiyub : Dadi, Sampeyan iki dudu wong kene?

73. Nawang Tahun : (Terus nangis)

74. Nawang Wulan : Uwis-uwis aja nangis wae. Dadi widodari kok mewekan.

75. Jaka Ngiyub : (Jaka Ngiyub nyedaki Nawang Tahun) Aku ngerti Njenengan sinten merga aku nemu slendangmu...

76. Nawang Tahun : Iku tegese Njenengan sing njupuk slendangku?”

77. Jaka Ngiyub : Dudu… dudu aku seng njupuk. Ning, nek aku isa nemokake slendhangmu, apa gelem dadi bojoku?

78. Nawang Tahun : Apa njenengan ra bakal kuciwa?

79. Jaka Ngiyub : Ora. Aku manteb.... Aku nompo awakmu apa anane... Apa njenengan gelem takpek bojo?

80. Nawang Tahun : (Karo noleh madhep Jaka Ngiyub, mengkono uga Nawang Wulan) Hah !!! nggarwo trus nikah?? Yalah,”

(JAKA NGIYUB SANALIKA SEMAPUT KARANA MERUHI RAINE NAWANG WULAN INGKANG AWON).

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

247