Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/271

Kaca iki wis divalidasi

GENTER LAJENG BADHE WANGSUL DHATENG SABIN

100. Nawang Wulan : Kangmas Genter, badhe dhateng pundi? Sampun kesah rumiyin, kula dereng saget mbales pitulungan. Sampeyan. Menapa saget kulo tanglet, kados pundi caranipun kulo males pitulungan Panjenengan?

101. Jaka Ngeyub: Ayo...Genter omong wae. Denayu Widadari, kadose genter naksir Panjenengan, nanging Piyambake isin ajeng matur (Genter uga katon isin,banjur ndhungkluk)

102. Jaka Ngeyub: Ngaten mawon, gegandhengan kulo nggih mpun janji ajeng nggarwo Nawang Tahun, tur Mas Genter nggih taksih single, mbok bilih Denayu Nawang Wulan kerso dadi garwane Mas Genter.


SATEMENE MANAHIPUN NAWANG WULAN LAN GENTER SAMPUN KESAMBUNG SAKING AWALING PEPANGGIHAN, ANANGING NAWANG WULAN LAN GENTER TAKSIH KETAWIS LINGSEM.

103. Nawang Wulan: Menapa ngaten Kangmas Genter?

104. Genter: (Manthuk isin lan ndungkluk...)


NAWANG TAHUN LAN JAKA NGEYUB MESEM KARANA KRASA SENENG NYAWANG NAWANG WULAN LAN GENTER DADOS PASANGAN INGKANG IMBANG LAN SAE.

250

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~