Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/275

Kaca iki wis divalidasi

37. Papa : “Gaweanmu ki sedinane mung shopping, arisan, ngumpul karo konco-konco. Ra tau ana ning ngomah. Delok kuwi anakmu ra kopen.!!”
38. Mama : “Tapi bapak yo sibuk dhewe, ngurusi klien-klien ning kantor. Ora nggatekke anak bojo!!”
Plaak…...!!! (Papa ngeplak Mama)
39. Dodo : “Ma, Papa kok ngeplak Mama..?” (Mama Nangis)

LINA TEKO LANGSUNG KAGET NDELOK KAHANAN MAU.!!
40. Lina : “Mama…?!” (teko karo meluk Mama)

ADEGAN VI
ESUK NING OMAHE BAGUS CAHYO NYRITAKE KABEH KEDADEAN WINGI KARO BAGUS, BAGUS KAGET KRUGU KABEH OPO SING DI CERITAKE CAHYO. 41. Cahyo : “Ndang kowe kudu cepet gawe keputusan. Ke i keputusan nganggo wong loro mau. Aku ra gelem wong loro mau padha nesunan terus.”
42. Bagus : “Oke, oke..! aku bakal njelaske ben wong loro kae dha apikan meneh,”

ADEGAN VII
BAGUS TERUS NEMONI META LAN CIKA.NANGING SAYANG, MING META SING GELEM NRIMA KEPUTUSANNE BAGUS, NEK CIKA LUWIH MILIH NGINDAR.
43. Bagus : “Ta, Cahyo wis cerita kabeh karo aku. Tenan koWe seneng karo aku..?”
44. Meta : “Cahyo ora ngapusi kok!”
45. Bagus : “Ngene, Ta. Sakdurunge aku njaluk ngapuro, soale goro-goro aku kowe dadi tengkar karo Cika. Bukanne pie-pie. Tapi aku gek ora pengin mikir cewek. Aku pengin serius ning dunia musikku,”

46. Meta : “Oke. Aku ngerti kok. Ming kayane Cika wis kadhong di pengaruhi Lili. Koyoke bakal angel mbalekke sikape Cika sik kaya wingi,”

254

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~