Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/283

Kaca iki wis divalidasi

ADEGAN VII
ORA LET SUWE KI JOKO KOPLAK TEKO NING KUBURAN KARO LAGAK SANTAI BANGET.
53. CREW : Pak niko Ki Joko Koplak sampun rawuh
54. WISUDA-TAMA : Ok
55. WISUDA-TAMA : Saiki diawiti wae kanthi dedonga bareng ben mengko ra ana alangan pas uji nyali dedonga kawiwitan...... (pada do’a dinggo keslametan pas uji nyali ben lancar lan ra ana alangan)
56. CREW : Ok diwiwiti saiki........... camera rolling xtion...............
57. KI JOKO KOPLAK : (dadi host)...... nggih pemirso wonten ing griyo lan kuburan saiki uji nyali badhe kawiwitan...... sakdurunge kenalan sikik karo sing arep uji nyali.. nggih kenalan riyin Mas
58. SLAMET : Nggih matur nuwun........ kula Slamet. Kulo melu uji nyali niki nggo nguji nyaliku sepiro gedhene. Kulo saking Jakarta............. nggih sameniko kenalan nipun...............
59. KI JOKO KOPLAK : Ah kuwi mau sing dadi pesertane ning uji nyali adegan bengi iki......... sak durunge takon-takon sikik kesiapane Mas Slamet........ sampun siap Mas???
60. SLAMET : Insya Allah siap Ki Koplak
61. KI JOKO KOPLAK : Mlebu pisanan nate ana perasaan ora penak ora ning atimu Mas?
62. SLAMET : Nak aku isih ana sing ngganjel ning atiku.... ket mlebu ketok saiki
63. KI JOKO KOPLAK : Apa ta sing marake ngganjel ning atimu kuwi???
64. SLAMET : Iki nggone ketoke medeni banget mbangane mau awan ki.....

65. KI JOKO KOPLAK : Ya iki pancen nggon sing paling angker.... yow wis pemirsa Slamet

262

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~