Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/293

Kaca iki wis divalidasi

34. RITA : Nggih bu

35. IBU : Ora ming waton ngomong nggih lho nok. Ibu ki ngandani tenanan supaya kowe ora salah dalan.

36. RITA : Lha kula diken kepripun to bu?

37. IBU : Lo piye to kowe ki di kandani kok malah ra di rungokke. Makane....

38. RITA: Hasshh....mbuh bu. Aku arep mangan saiki.

39. IBU : Di kandani ibu ne kok malah mbuh. Mbok sing sopan karo wong tua ki. Yowis gek mangan.


BABAK III

SAKWULAN KEPUNGKUR.BAGAS LAN RITA KANGSENAN AREP KETEMU NING KEBON.

40. BAGAS : Wis suwi dek sing nunggu?

41. RITA : Uwis.kowe suwi bangete.ngopo wae je?

42. BAGAS : Yo maaf mau dalane macet je.Rit aku arep ngomong karo kowe

43. RITA : Yo..arep ngomong opo mas? Gari ngomong kok repot.

44. BAGAS : Aku tresno karo kowe Rit. Opo kowe yo tresno ro aku?

45. RITA : Duh....ngopo kudu ngomong kuwi mas?

46. BAGAS : Lho opo salah aku ngomong sing sak tenane?

47. RITA : Yo ora salah nanging kecepeten nek ngomong saiki.

48. BAGAS : Lha opo bedane saiki karo sesuk?

49. RITA : Yo bedo.no mas. Nek sesuk awak dewe wis kenal luweh suwi. Lha nek saiki kenale lagi sedilit to.

50. BAGAS : Walah dek. Tresno ki ra kenal saiki opo sesuk. Yen pancen kowe tresno karo aku. Ora dadi masalah nek awak dewe lagi wae kenal.

51. RITA : Emm....

52. BAGAS : Piye Rit jawaban mu?

53. RITA : Kudu saiki mas jawabe?

272

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~