Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/30

Kaca iki wis divalidasi

Desi Widyastuti
SMA Muhammadiyah 1 Bantul

MUSEUM TANI: MARISI BUDAYA LAN
TRADHISI TANI


Digagas lan dirintis dening Kristya Bintara, mantan Lurah Desa Kebonagung, Imogiri, Bantul, lan madeg rikala tanggal 26 September 2005. Museum iki mula bukane mapan ana ing omah Joglo kagungane Subandi, kepala Dukuh Kanten. Amerga lindhu gedhe, wiwit tanggal 4 Mei 2007, museum iki manggon ana pekarangane Sarjana (Purwo Wiyono) ing desa wisata Candran, Kebonagung, Imogiri, Bantul kanthi jeneng Museum Tani Jawa Indonesia.

Museum Tani Jawa Indonesia nyimpen kabeh piranti tetanen, tradisional utawa modern, lan kanggo mbudidayakake maneh tanduran kang wis langka. Nduwe ancas kanggo aweh pangerti, nglakoni ngrasake lan marisi tradhisi tani. Museum iki dadi wadhah

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

17