Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/300

Kaca iki wis divalidasi

177. IBU : Yowis saiki ngene wae. Kowe arep dijodohke karo anake koncone bapak ben deke dadi bapak bakal anakmu sesuk

178. RITA : nanging nopo wong niku gelem kalih kula bu?kula dereng kenal kalihan wong niku. Kula nggeh mboten treno kalihan wong niku

179. IBU : lha sing mbok trenani sopo nok?

180. RITA : Nggih Bagas bu

181. IBU: Halah bocah kae. Opo sing arep mbok arepke seko cah koyo ngono?ora duwe tanggung jawab blas

182. RITA : Ibu mboten pareng ngendika ngonten. Ibu dereng tepangan kalihan Bagas

183. IBU : Hoalah nok..nok..wong koyo ngono kok tetep wae mbok belani.eling nok mergo deke kowe dadi ngene ki.kowe dadi kelangan sekolah mu

184. RITA : Nanging bu....

185. IBU : Wis rasah nggo nanging nanging. Pokoke saiki kowe nurut bapak karo ibu wae rasah nuruti ego mu. Nek kowe nuruti ego mu terus kowe bakal dadi kepiye

186. RITA : (nangis)....

187. IBU : Lho di kandani kok malah mrebes mili.wis nok rasah nangis.ibu tetep iseh sayang kok karo kowe.rasah wedi nek ibu bakal nyeneni kowe meneh.wis meneng nok

188. RITA: Nggih bu.matur nuwun. Kula kinten bapak lan ibu bakal mboten nganggep kula anake maleh

189. IBU : Yo ra mungkin bapak lan nganti tego ngono.sak nakal nakale kowe. Kowe ki tetep anake bapak karo ibu.

RITA URIP TENTREM LAN AYEM KALIHAN GARWANE.KABEH SENENG

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

279