Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/301

Kaca iki wis divalidasi
Rizky Mijayani
SMK Neneri 2 Kasihan


GENDHIS LAN BIOLANE


Tokoh :

1.Gendhis Sugandhih

Fisiologis : Umure 21 taun, dhuwur kuru, kulite kuning nemu giring. ora ayu ananging marak ati. Manis praupane. Emane dheweke wuta.

Sosiologis : Kluwargane sederhana, tamatan SLB. wong Jawa.

Psikologis : Grapyak, pinter, sabar, isinan, manut marang wong tuwa. seneng main biola.


2. Bu Sugiyem (Simboke Gendhis)

Fisiologis : Umure 46 Taun. Wonge dhuwur, ireng, lemu , jilbapan.

Sosiologis : Duwe toko batik, uripe prasaja. Wong Jawa tulen.

Psikologis : Crewet, menawa ngomong ngelarani ati, over protektif karo anake, gemati ananging isin karo kahanane anake sing wuta. Egois, Ora gelem kalah.


3. Andi Harundanul (Bapake Gendhis)

Fisiologis : Umure 52 taun, pawakane serem, awake gedhe dhuwur, kaya algojo, brengose bandel.

Sosiologis : Bakul ning kampunge, uripe prasaja, wong Sorowako, sukune bugis.

Psikologis : Sumeh, tresna banget karo anake, manut

280

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~