Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/302

Kaca iki wis divalidasi

marang bojone, logat Jawane lucu lan wagu.

4. Genda Braja (Kancane Gendhis saka cilik)

Fisiologis : Umure 26 Taun, duwur, gagah lan bagus.

Sosiologis : keglong priyayi neng kampunge, tamatan universitas negeri. Prigel main musik, biola, wong Jawa.Psikologis :Grapyak, sumeh, pinter, sugih nanging ora umuk. Seneng ngewangi. Sayang karo Gendhis.

GENDHIS LAN BIOLANE

Ing sawijining omah kang prasaja, pernahe ing kampung Sorowaton, ana sawijining keluwarga kang uripe prasaja. Ana Pak Danul (Bapak) , Bu Sugiyem (Ibu), lan putri tunggale sing wuta jenenge Gendhis . Pak Danul, tansah nyengkuyung kesenengane anake wadon dan Bu Sugiyem, ibuke kepara over protektif marang Gendhis.

Adegan 1

Wayah sore. Ing omahe Gendhis. (properti : sofa & meja)

1. Gendhis : Pak, Gendhis ki wis nerima marang kahanan mripatku iki. Ananging, apa Bapak tenanan ora isa ngereh-reh ibu supaya ngijinake Gendhis main biola? (memelas)

2. Pak Danul : Kenapa. . Kenapai lagi nak ? Bapak kira sudah mi ko juga main biola setiap hari ? (Logat Bugise Metu)

3. Gendhis : Ya.. Ho.. o sih Pak. Ming kan kae Gendhis le dolanan kudu ndelik, nek ora pas Ibu neng toko. Nek Ibu neng omah, yo Gendhis wis ra isa dolanan biola. Mbok ayo Pak. (ngerangkul tenane Bapake) Bujuk Ibu Pak..? Yo Pak? Janjane ya ngapa ta Gendhis ki ra oleh dolanan biola. . (karo nggresula)

4. Pak Danul : Sudah mi nak le’.. sabar mi ki’ dulu na? Enteni mbokmu sadar nek putrine seng ayu ki cen pinter dolanan biola. saiki, ya Bapak urung

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

281