Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/305

Kaca iki wis divalidasi

tanggapane wong-wong? Ra mbayangke aku !! ( karo lungo ninggalke bojone )

PAK DANUL MENG ISA NGELUS DHADHA KARO GELENG

- GELENG..

SABAR.. SABAR.

ADEGAN 4

Ing Taman mburi omahe Gendhis wayah sore. ( properti : Lincak, tanam-tanaman, & biola) Gendhis katon lungguh, meneng, mlongo karo nyekeli biolane.

Genda : Loh . loh . loh.. Cah ayu? ngapa e.. kog murung tenan? mbok digesek kae biolane.. ra mung dicekeli ngana kae!

Gendhis : Ora ana apa-apa Mas. Gendhis iki gek ra mood dolanan biola saiki.. Hmmh. (unjal ambegan)

Genda : Weh.. Ngapa, ta Dhik? kok sliramu katon banget le sedhih. Ana apa.. Ana apa? Mbok cerita karo Mas Genda! (ngerayu.... marakke Gendhis mesam-mesem geli )

Gendhis : Gendhis bingung, je Mas. Mau mbengi ki Gendhis ngerungokke Bapak padudon karo Ibu. Merga Gendhis, ya merga biola iki.

Genda : Oalah.. (meneng mikir) Nek Mas oleh nyaranke, mbok awakmu dhewe sing matur karo Ibu. Nek awakmu seneng main biola..

Gendhis : Ora isa mas. Ibu ra ngijinke Gendhis dolanan biola. bu isin banget nek Gendhis tampil ning ngarepe wong akeh. MergaGendhis ki wuta.

Genda : Weh.. weh.. weh.. ya ra ngomong ngana to, Cah ayu. Ibumu ki mung durung sadhar wae menawa putrine nduweni bakat sing luar biasa. Sabar ya..

UJUG-UJUG. . .

Bu Sugiyem : GENDHIS!!? Ngapa kowe neng kana ?? (swarane sora amarga nesu)

Gendhis : I.. i.. ibuu..? (panik)

284

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~