Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/312

Kaca iki wis divalidasi

Jawi. Ing mriku Audrey nyobi ngrusak Klub Pelestari basa lan aksara Jawi. Ananging ana tresna dening Amri lan Audrey jalaran kulina ketemu.

ADEGAN 1
MUSIK PAMBUKA. TIRAI DIBUKA. LAMPU TERANG. WONTEN TAMAN. AMRI BEBARENGAN KANCA NGREMBUG KLUB BASA JAWINIPUN.

001 Dafa : Wah… piye cah iki! nek ngeneki carane Klub iso bubar!
002 Amri : Kowe ora ngerti Fa! Golek sing gelem nglestarekake budaya karo basakaya awake dhewe ngeneki angel tenan!!
003 Agung : Ora! Ora angel. Nek muni gampang bakale yo dadi gampang.
004 Amri : Haiyo mbok jajalen dhewe, golekono nganti seket buntet kowe ra bakal nemu anggota anyar Klub Basa Jowo iki.
005 Agung : Amri kowe aja mung muni tok! Lakoni meneh nganti ketemu mesti ono, aku yakin.
006 Dafa : Yo ben diujo wae cah kuwi, gaweane mung mutungan. Mbok lakokno apa sing iso tok lakoni. Usaha!!! (radha sero) Usaha Mri! Ra mung ngomong tok!
007 Amri : (emosi) Kowe ki ora ngerti aku wis usaha!! Aku wis usaha!!(ngadeg marani Agung arep ngantil).
008 Dafa : Ora usah spaneng, spaneng boss! Dirampungke alon-alon!! (ngademake Amri ingkang lagi nesu tenanan)
009 Amri : Ora usah ikut campur! Iki urusanku ro Agung, menengo!! (taksih emosi)
010 Agung : Ri… aku mung pengen klub iki tetep mlaku, aku wedi Mri… aku wedi nek Klub iki bubar. Awake dhewe le mbentuk wis ngenteke tenaga lan ragat akeh!
011 Amri : Oke… oke… aku ngerti (lenggah malih)

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

291