Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/315

Kaca iki wis divalidasi

mbok olehmu omong kuwi rasah mbengokmbengok iso to nduk?

038 Audri: ora ngomong Apa-apa langsung bali nang omahe ora sida menyang kampus malah rada dongkol karo ibune Amri)

039 Marini: Bocah jaman saiki, lagi diajak ngomong malah lunga sakpenake dhewe!


ADEGAN 5

IBUNE AUDRI MLEBU RUANG TAMU. LAMPU CUKUP TERANG. MUSIK KERAS.

040 Tanti : Bu Marini… Bu Marini…!

041 Marini : (monolog) Sapa to kae, kok bengak-bangok.

042 Tanti : Bu Marini menika mboten usah nasehati putri kula. Putri kula mboten usah diatur-atur Bu!

043 Marini : Amargi punika Bu Tanti menika mampir griya kula. Inggih kula nyuwun pangapunten Bu menawi kula sampun damel lepat dening Dik Audri!

044 Tanti : Sesuk meneh deloken Putramu piyambak Bu, mboten mung ngatur Putri kula. Aturen Putramu sing kaya Brandalan kae!

045 Marini : Eh…eh…eh… Putraku dede brandalan nggih Bu, ampun ngawur omong!

046 Tanti : Ora usah didedawa Bu, Sampun pareng!

047 Marini : (monolog) Mrene mung arep nesu-nesu. Ora mutu!


ADEGAN 6

WONTEN KELAS. LAMPU TERANG.MUSIK TENANG. KLUB BUDAYA LAN BASA JAWA NGREMBUG ANGGOTA ANYAR.

048 Dafa : Saiki wis jam piro mas! Esuk tenan anggonmu mangkat (nyindir).

049 Amri : Njaluk ngapura prend aku! Mau ana masalah sithik nang dalan.

050 Agung : Wis, wis! Aku wis gawe brosur, pamphlet karo poster dinggo golek anggota anyar. 294

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

294

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~