Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/317

Kaca iki wis divalidasi

ADEGAN 8

LAMPU REMANG. MUSIK MELLOW SEMINGGU KEPENGKER. SORE-SORE AMRI KUMPUL REMBUGAN KLUB WONTEN TAMAN.

065 Amri : Kabar ora apik cah! Klub rampung tekan semene wae (arep nangis).

066 Agung : Bocah-bocah sing tak urus yo uwis padha mengundurkan diri.

067 Dafa : Apa wis ora ana dalan liya dinggo ngumpulke anggota anyar meneh?

068 Amri : Wis seminggu Fa! Ora ana sing gelem, ora ana sing ndaftar. Reti dhewe to, awake dhewe ki gaweane ora mung iki. Akeh sing luwih penting lan ora iso di tunda.

069 Agung : (sedih)Rasane abot ninggalake Klub sing wis ngadeg pirang-pirang taun iki.

070 Amri : (nesu) Wis! Aku ora ngerti arep tak kepiyeke meneh! Wis urusen kana! Amri nesu lan ninggalake kanca-kancanipun.

071 Agung : Ketua ora tanggung jawab ki yo kowe kuwi Mri!

072 Dafa : Uwis yo ben, lagi akeh pikiran cah kae ki Gung!

073 Agung : Tapi yo aja ngono kuwi carane iso to?

074 Dafa : Uwislah saiki arep tok kepiyeke?

075 Agung : Aku bingung Fa…!


ADEGAN 9

LAMPU TERANG. MUSIK RIANG. ESUK ESUK WONTEN RUANG TAMU.

076 Tanti : Nduk… mengko tindhak tempat Eyang Kakung kalih Eyang Uti nggih?

077 Audri : Hmm… iyo mengko Bu!

078 Tanti : Ora ana tugas lan saiki lagi prei to nduk?

079 Audri : Ho’o Bu, Bener! saiki kula prei lan ora ana tugas seko kampus.

080 Tanti : Wis saiki Eyang gek digaweke masakan sing enak, mesti kangen nduk karo kowe suwe ora ketemu to?

296

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~