Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/319

Kaca iki wis divalidasi

100 Eyang Kakung: Apa Ibumu karo Romomu ora ngajari kromo nek karo wong sing luwih tuwa?

101 Audri: Uwis Yang! Romo karo Ibu wis ngajari aku basa Kromo. Tapi aku lali Yang!

102 Eyang Kakung : Kepiye aku iso menehi gelar karo kowe Nduk, nek kowe wae ora iso kromo.

103 Eyang Uti: Mboten sios mawon pripun Romo?

104 Eyang Kakung: Tiwas wis tak jagake e nduk kowe ki. Eyang pengen Kowe kuwi dadi panutan. Dadi keturunan ningrat kang becik.

105 Eyang Uti: Putune mboten namung Audri, Romo!

106 Audri: Ampun, Uti! Ampun, Kakung! Kula gelem dike’i gelar kuwi mau. Aku janji Yang, aku bakalan belajar basa Kromo! Aku janji!!

107 Eyang Kakung : Wis telat Nduk! Seminggu mengkas Romo kedah menehi gelar karo putuputune Romo.

108 Eyang Uti : Kromo kuwi penting Nduk! Aja mung disepelekake. Lha kowe sekolah nang UGM kuwi, sing tok sinau ki apa?

109 Audri : Kula nang UGM sinau Bahasa Jepang, Yang!

110 Eyang Kakung : Walah Nduk, basane wong liya tok sinau ananging basamu dhewe tok laleke(serangan jantung mendadak).


ADEGAN 11

111 Eyang Uti: Romo!!! Iki kabeh salahmu Tanti, kenapa putrimu ora tok ajari Kromo sing bener!

112 Tanti : Kula nyuwun pangapunten Biyung! Menika lepat kula sedaya.

113 Eyang Uti : Ayo Eyang diewangi! Telfon Rumah sakit!

114 Audri: Ho’o, Yang!

298

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~