Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/322

Kaca iki wis divalidasi

Mas Amri menika. Matur panuwun sakderengipun. Sugeng sonten!

150 Amri : Wah…wah… ratune saiki wis iso krama sithik-sithik (tepuk tangan <prok… prok… prok…>).


ADEGAN 14

MUSIK RINGAN. LAMPU CUKUP TERANG. WONTEN KELAS.

151 Audri : Amri! Nuwun wis ngajari aku basa! Nek ora ana kowe paling aku rung iso basa tekan saiki.

152 Amri : Wis ora usah lebay. Biasa wae to!

153 Audri : Aku neng griyane Eyang dhisik yo…!

154 Amri : Muga-muga ora sida entuk gelar yo!

155 Audri : Nyebai to, malah dongake elek!

156 Amri : Yo ben!


SESUKE… AMRI KETEMU AUDRI.

157 Amri : Piye wingi sida entuk gelar ora?

158 Audri : Huhuhu… bahkan Eyang ora ngarep-arep aku dadi putune meneh!

159 Amri : Opo to untunge nek seumpamane kowe duwe gelar? Jenengmu kurang dawa apa piye?

160 Audri : Ho’o… Tapi aku tetep ora trima. Mung aku dhewe sing ora diparingi…

161 Amri : Lha kuwi urusanmu, saiki kowe kudu golek wong sing gelem melu klubku!

162 Audri : Ora iso, wegah aku. Lha wong aku wae ra sida entuk gelar kok. Kowe ki sakpenake dhewe e!!

163 Amri : Eh, eh, eh sing sakpenake dhewe ki sapa e? Konsekuen dong!!

164 Audri : Yo wegah! Konsekuen apa!

165 Amri : Golek wong sing gelem melu klubku mbak!! Wah mancen ora iso dipercaya wong koyo kowe ki.

166 Audri : Bukanne ora iso dipercaya tapi usahamu wae gagal. Haiyo wegah aku kon golek wong!

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

301