Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/323

Kaca iki wis divalidasi

167 Amri : Ora duwe rasa nuwun yo! Wis tak ajari angelangel malah ora diwenehi matur nuwun!

168 Audri : Wah, ora ikhlas iki. Nyesel aku sinau karo kowe Mri! (lunga).

***


ADEGAN 15

LAMPU REMANG. MUSIK MELLOW. WONTEN TAMAN. AUDRI DITEKANI WONG.

169 Chang : Nyuwun ngapunten mbak kula badhe tanglet?

170 Audri : (mbatin: singkek wae krama) Inggih, mbak ajeng tanglet menapa?

171 Chang : Mbak sinten nggih menika? Mbak menika saged nembang kagem kula, sekedik mawon!

172 Audri : Kula Audri, (mbatin: apa nembang, aku ora ngerti, kudu piye aku) kinten-kinten nembang napa nggih?

173 Chang : Dhandang gula pripun mbak saged mboten?

174 Audri : Sanesipun saged mboten?

175 Chang : Mbak menika tiyang jawi dede? Kok mboten saged nembang?

176 Audri : Hmm, Kula nyu.. wun… nga… pun…ten.

177 Chang : Makane Indonesia mboten maju-maju, la wong warganipun mawon mboten nglestarekaken budayanipun piyambak.

178 Audri : (nangis).

LAMPU MATI. MUSIK PENUTUP. TIRAI DITUTUP.

302

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~