Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/327

Kaca iki wis divalidasi

047. Bams : “Yung . . .” (kelara-lara) Bram guyu karo mlaku sempoyongan, ninggalke Bams.


ADEGAN V

BAMS KELARA-LARA NING CAKRUK.

048. Bams : “Tulung, tulung . . .!”

GENDHIS LAN 4 BOCAH CILIK TEKA.

049. Gendhis : “Bams? Kowe kenapa?”

050. Bams : “Tut u tulung . . .”(semaput)

051. Gendhisaa: “Haduh, piye iki? Eee . . .. cah, golek pitulungan cepet!” Bocah loro lan Gendhis nunggoni Bams. Bocah loro liyane golek pitulungan.


ADEGAN VI

BAMS LINGGUH NING NGAREP OMAHE KARO NGENGETKE SIKILE SING DIGIPS. BAPAKNE TEKA SEKA JERO OMAH TERUS LINGGUH NING JEJERE BAMS.

052. Pak Parman : “Le . . . Thole . . .”

053. Bams : “Ngapa Pak . . . Pak?”

054. Pak Parman : “Kowe ki, duwe kanca ra eneng sing pener, apa maneh hyang. Biyen dha uyak-uyakan dadi hyangmu, saiki? Nglirik wae . . . ora.”

055. Bams : “Lah? Sapa akon bapak dadi miskin.”

056. Pak Parman : “Kok nyalahke bapak? Nek cah-cah kae kancamu tenanan, dha ora bakalan ninggal kowe mbok kowe ki agek susah pa seneng. Nanging? Pas kowe agek susah, ora duwe apa-apa, dha ora ngetok blas.” Bams meneng wae.

057. Pak Parman : “Cah-cah sing tok sengiti malah nulungi kowe.”

058. Bams : “Paling pamrih.’

059. Pak Parman : “Pamrih piye? Dhekke ngeterke kowe tekan ngomah terus pamit bali, ora jaluk apa-apa.”

060. Bams : “Mentang-mentang wis padha-padha miskin terus dibelani.”

306

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~