Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/328

Kaca iki wis divalidasi

061.Pak Parman : ‘Le! Urip kuwi kaya rodha, kadhang ning dhuwur kadhang ning ngisor. Uwong kuwi ora ajeg ning dhuwur terus, sesuk ki mesti ning ngisor.”

062. Bams : “Halah.”

063. Pak Parman : “Bocah dikandhani kok maido."

064. Bams: “Uwislah pak. Jeleh aku ning ngomah.” (Jipuk tangkat)

065. Pak Parman : “Arep ning ngendi kowe ki? Dikandhani wong tuwa kok malah lunga?”

066. Bams : “Ning cakruk, jeleh ning ngomah.” (metu)

067. Pak Parman : “Bocah jaman saiki.” (geleng-geleng)


ADEGAN VII

BAMS LINGGUH NING CAKRUK.

068. Bams : “Nasib, nasib. Sikil putung, dhuwit ora duwe, kanca yo ora duwe.” Gendhis teka, marani Bams.

069. Gendhis : “Kowe ngapa dhewe ning kene?”

070. Bams : “Sakkarepku ta.”

071. Gendhis : “Biasane ngumpul karo kanca-kancamu, saiki kok dhewe?

072. Bams : “Wewed.”

073. Gendhis : “Ditakoni apik-apik, jawabe sembrana.”

074. Bams : “Kakeyan cangkem. Mentang-mentang wis nulungi aku terus sakpenake dhewe nyeraki aku.”

075. Gendhis : “Sombong temen, wis dadi wong miskin isih wae sombong.”

076. Bams : “Terus ngapa? Dudu urusanmu ta?”

077. Gendhis : “Nek ngerti kaya ngene, ngertiya rasah daktulungi. Wisditulungi wae tetep isih sombong, sakkepenake dhewe.”

078. Bams : “Pamrih.”

079. Gendhis : “Sapa sing pamrih?”

080. Bams : “Kowe kuwi. Wong kaya kowe kan nulungi mesti eneng apa-apane.”

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

307