Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/33

Kaca iki wis divalidasi

Restu Widiati
SMA Muhammadiyah Sewon

AMARGA PEYEK REJEKINE NEMPLEK


Waljinah putrine Pak Dolah iku lulusan SMP Negeri 2 Imogiri. Dheweke ora nerusake sekolah ing SMA utawa SMK amarga Pak Dolah ora nduwe ragad kanggo nyekolahke Waljinah. Ning putrine Pak Dolah kuwi ora nesu utawa protes marang Pak Dolah, amarga dheweke ngerti alesane Bapakne ora nyekolahke ing SMA utawa SMK.

Putrine Pak Dolah kuwi langsung ora mung meneng wae, nanging dheweke banjur duwe rencana arep ngewangi wong tuwane kanthi golek gaweyan utawa kerja. Anggone golek gaweyan ora adoh-adoh, ing tlatah sekitare Imogiri wae. Amarga Imogiri cedhak karo omahe, yaiku ing dusun Pelem Madu, Imogiri, Bantul. Wis nglamar gaweyan ana ing ngendi-endi nanging durung ana sing nampa, amarga putrine Pak Dolah mau mung lulusan SMP. Dheweke ora tega yen mung Bapake dewe sing nyambut gawe ngresiki omahe. Sawijining dina dikandhani dening Bu Gito menawa salah sawijining juragan peyek ing Srandakan mbutuhake tenaga kanggo nggoreng peyek.

Wanita kang tumemen kuwi mau diterke Bu Gito menyang Srandakan saperlu nglamar gaweyan. Juragan peyek mau ora tidha-tidha langsung nampa panglamare Waljinah. Dheweke ditampa ing kana minangka tukang nggoreng peyek. Putrine Pak Dolah iki rumangsa seneng marga antuk gaweyan lan rumangsa

20

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~