Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/334

Kaca iki wis divalidasi

TERUS MBOK RANDHA METU DIKANTHENI GENDHING JAWA. PARA KLETHING PADA METU


002. KLETHING ABANG

Assalamu’alaikum (Nggawa tepas karo tepasan, praupane menor)…para sesepuh…ndherek nepangaken, kita sedaya klething anakipun Mbok Randha. Kula klething abang, sing paling tuwa nanging taksih kaya cah enom kok.

003. KLETHING IJO

Nami kula klething ijo ( lemot ngomong kaya wong Jawa tulen )

004. KLETHING BIRU

Nek kula klenting biru ( kaya rock n’ roll )

005. KLETHING UNGU

Nek aku klething ungu, terong-terong sambel enak.

006. KLETHING ABANG

Para kanca, awakke dhewe ki manut karo simbok. Wong mbiyen sing marakke awakke dewe iso ndelok wong nggantheng. Ho oh ra, Kang ? ( ho oh dhik ).

007. KLETHING IJO

Awakke dhewe ki urip mung sepisan, ora dibaleni meneh lho. Mulo kuwi aja disia-siake le urip.

008. KLETHING ABANG

Eh, dhik ayo gek ngewangi masak simbok. Jare arep masak tewel, je.

009. KLETHING UNGU

(njawil) Kok ra masak sambel terong to, Mbakyu ?

010. KLETHING IJO

Ah lha aku pengen spagetti, je.

011. KLETHING ABANG

Spagetti ki apa to, Nduk? Panganan model apa kuwi. Kok aku durung tau krungu.

012. KLETHING IJO

Wo lha mbakku ki katrok. Ho oh to para kanca ? ( ho oh ) mesti ra kenal Justin Bieber barang.

013. KLETHING UNGU

Wah aku ra pengen justin bieber, aku pengen ketemu karo Gayus.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

313