Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/337

Kaca iki wis divalidasi

034. KLETHING ABANG

Alaah…wis ta mbok! Ora guna nanggepi wong iki. Aja-aja teroris, Mbok engko.

035. KLETHING IJO

Woh, anak buahe osama bin sarden, Mbok.

036. KLETHING UNGU

Osama bin Laden. Sarden barang melu.

037. KLETHING IJO

Ya pokoke kuwi lah.

038. MBOK RANDHA

Uwis-uwis aku malah bingung iki. (Nyedhaki Klenting Kuning). Nduk, Cah Ayu Simbok oleh–oleh wae nek arep bobok kene. Nanging kowe kudu sregep ngewangi simbok ya? ngedusi wedus, ngarit, ngasahi piring, gelas, umbah-umbah..

039. KLETHING KUNING

(Nyela) kosikik, Mbok. Kok aku malah kaya dadi TKI ki

kepriye??.

040. KLETHING ABANG

(Nggetak) Gelem ora?

041. KLETHING KUNING

Ampun, Mbok. Kula purun. (ngambung tangane mbok randha nganti klething2 liyane risih) nuwun ya mbok.

042. MBOK RANDHA

Iya…iya…iya…eh, jenengmu sapa ta nduk?

043. KLETHING KUNING

Ra reti, Mbok ! (bingung karo kukur-kukur sirahe) jenengku sapa ya?

044. KLETHING IJO

Weh, lha malah takon? Lha kowe anake sapa masak ra ngerti jenengmu?

045. MBOK RANDHA

Wis, wis malah padu meneh mengko. (tempo) mmm… klambimu kuning.

046. KLETHING KUNING

Ho oh, Mbok. Masak yo ireng kaya ngene.

047. MBOK RANDHA

Woo tak jenengke klething kuning wae yo ?

316

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~